Home ๐ŸŽฌ Bollywood ๐ŸŽต Pakistani ๐ŸŽค English Pop

Sarangan Nglarung Rasa

๐Ÿ‘ค Arya Galih โ€ข ๐ŸŽผ Sarangan Nglarung Rasa โ€ข โฑ๏ธ 5:25
๐ŸŽต 1218 characters
โฑ๏ธ 5:25 duration
๐Ÿ†” ID: 13755414

๐Ÿ“œ Lyrics

Jane yo isih sayang
Ning piye? Wong wis ilang
Angel, culke wae lah
Ning kene ya sik lara ati
Susah

Adheme lereng Lawu iseh padha
Nanging tresnamu uwis beda
Ora kaya dhek semana
Nalika iseh kebak kembang ing dhadha

Cemara mangklung ana pinggir talaga
Tak tagih janjimu nanging kowe ora krasa
Mung isa mendhem ana ing njero dhadha
Netraku nangis, kaya nangis ludira

Ombaking banyu ngelengke aku karo sliramu
Sing biyen dadi papan purunging rasaku
Pundakku biyen sing dadi tadhah tangismu
Saiki atiku mbok remuk dadi sewu

Tak larung rasaku ana Telaga Sarangan
Pengen ngilangke rasa ati sing kelaran
Ombak tlaga dadi crita, netes eluh saka mata
Wus tak larung rasa lara, kari nerima aku lila

Cemara mangklung ana pinggir talaga
Tak tagih janjimu nanging kowe ora krasa
Mung isa mendhem ana ing njero dhadha
Netraku nangis, kaya nangis ludira

Ombaking banyu ngelengke aku karo sliramu
Sing biyen dadi papan purunging rasaku
Pundakku biyen sing dadi tadhah tangismu
Saiki atiku mbok remuk dadi sewu

Tak larung rasaku ana Telaga Sarangan
Pengen ngilangke rasa ati sing kelaran
Ombak telaga dadi cerita, netes eluh saka mata
Wus tak larung rasa lara, kari nerima aku lila

Wus tak larung rasa lara, kari nerima aku lila

โญ Rate These Lyrics

โ˜†โ˜†โ˜†โ˜†โ˜†
Average: 0.0/5 โ€ข 0 ratings